















Redaksi / Pemasangan Iklan






Total Tayangan Halaman


BUDI PEKERTI KANGGO MBENTUK KARAKTER PAWONGAN
BUDI PEKERTI KANGGO MBENTUK KARAKTER PAWONGAN
Oleh : Siti Ikoriah, S.Pd.
Guru SMP Taman Dewasa Karanganyar, Kebumen Jawa Tengah
![]() |
Siti Ikoriah, S.Pd. |
Budi Pekerti minangka salah satunggaling babagan kang wigati kanggo mbentuk Karakter kang becik. Mula Budi Pekerti kedah dipuntanem kawit nalika teksih kanak-kanak, becika saka omah wis dibekali Pendidikan Budi Pekerti kan apik. Sanajan wonten sekolah uga dipun sinauni babagan kaya mangkono, ananging langkung sae uga saka omah wis dibekali supados langkung kulina marang bab kang becik.
Pendidikan Budi Pekerti kawit bocah ing omah kaliyan bimbingan wong tua kanthi cara menehi pengerten babagan becik lan bener kaya dene etika, tradisi, kerjasama lan interaksi kaliyan keluarga ngangge basa kang apik, utaminipun basa jawa kang alus. Pendidikan kang becik saka keluwarga wigati sanget kanggo tuwuhan sikap lare sakbanjure. Menawi saka cilik sampun kulina ngabekti marang wongtua utawa marang tiyang sanes ingkang langkung sepuh, lare bakal nduwe kaluwihan babagan sopan santun lan budi pekerti. Missal nalika liwat ing ngrepe wongtua kaliyan mbungkuk lan ngucap Nuwun sewu utawane Ndherek langkung.
Basa jawa punika dudu basa kang angel utawane basa kang rumit. Unggah – ungguh basa utawa tingkatan panggunaan basa minangka salah sawijine sopan santun kanggo mbekti tiyang sepuh utawa tiyang sanes. Pendidikan Budi Pekerti ing omah uga bisa dilakokake dening wong tua marang anake nganggo basa ngoko, sakbanjure anak marang wongtua nganggo basa karma. Kabeh mau bisa dilatih sithik blaka sithik supaya lare kulina nganggo basa karma menawi ngendhika marang wongtua utawa tiyang ingkang langkung sepuh.
Sakliane basa, Pendidikan Budi Pekerti uga bisa diajarake dening wongtua babagan etika, misale etika nalika maem kudu lenggah lan maem nganggo tangan tengen. Naliak wonten tamu mbukakake lawang lan ngaturaken pinarak. Bab-bab kaya mangkono menawi mboten kulina lare uga bakal ilang budine lan adoh saka unggah-ungguhe. Mula para wongtua utawa tiyang sepuh kudu sregep nglatih lare ing omah supaya remen marang basa jawa, mangerteni babagan unggah-ungguh lan nduweni Budi Pekerti kang apik.
Menawi lare sampun dibekali pendidikan Budi Pekerti saka omah, wonten sekolahan lare bakale nduweni kepribanden kang beda kaliyan lare sanesipun ingkang mboten dibekali pendidikan Budi Pekerti saka omah. Kaya dene bab sopan santun marang kanca, sopan santun marang guru lan sanesipun. Wonten masyarakat uga bakal dadi lare ingkang saged dadi tuladha kanggo lare liane amarga kanti mangerteni sopan santun, unggah-ungguh lan nduweni Budi Pekerti kang becik.
Top 5 Popular of The Week
-
FILSAFAT JAWA KIDUNGAN “ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI” Oleh: Sri Suprapti Guru Bahasa Jawa di Surakarta Sri Suprapti Filsafat Jawa a...
-
Kepala SMP Negeri 8 Surakarta, Triad Suparman, M.Pd beserta bapak ibu guru dan siswa foto bersama dengan karya tulisan kata-kata mutiara. ...
-
PENTINGNYA PENGGUNAAN BAHASA JAWA KRAMA DIKALANGAN REMAJA PADA ABAD 21 Oleh : Kunaniyah, S.Pd Guru Bahasa Jawa SMP Islam Al Bayan Wiradesa,...
-
ALAT PERAGA ULAR TANGGA NORMA DAN KEADILAN SEBAGAI MEDIA PEMBELAJARAN PPKn Oleh: Sulistiani, S.Pd Guru SMP Negeri 3 Satu Atap Mijen, Demak J...
-
PENDIDIKAN KARAKTER DALAM KONTEKS MERDEKA BELAJAR Oleh: Novita Ariningtyas Azis Saputri, S.Pd Guru SMA Islam Al Azhar 7 Solo Baru, Sukoharjo...
-
MODEL LAYANAN BIMBINGAN KELOMPOK TEKNIK PERMAINAN UNTUK MENGURANGI PERILAKU AGRESIF SISWA Oleh : Ibnu Nadziir, S.Pd. SMP Negeri 2 Karanggaya...
-
Siswa dan guru saat mengikuti lomba estafet sarung. Estafet Sarung Meriahkan Class Meeting SMP Negeri 2 Giritontro Wonogiri- majalahlarise....
-
Tim reporter siswa SMPN 1 Manyaran saat melaporkan di obyek wisata Umbul Nogo Manyaran. Tim Reporter Siswa SMPN 1 Manyaran Liputan di Obyek ...
-
Prosesi pengalungan samir sebagai tanda diwisuda dan dilepas siswa kelas 12 SMK Muhammadiyah 2 Wuryantoro. Akhirussanah SMK Muhammadiyah 2...
-
Penampilan tari Kukilo pada pentas kreasi dan seni di MPLS SMPN 2 Giritontro. Hari Terakhir MPLS, SMPN 2 Giritontro Gelar Permainan Outbo...
Tidak ada komentar: