Univet Bantara Mbiwarakaken Asiling Panaliten Pangan Fungsional Babagan Bekatul Lumantar Podcast

Print Friendly and PDF

Wonten ing perangan wiwitan punika, Univet Bantara ngaturi rawuhipun Rektor Universitas Veteran Bangun Nusantara, Prof. Dr. Farida Nugrahani, M.Hum., Bupati Wonogiri, Setyo Nugroho, tuwin Panaliti Pangan Fungsional, Dr. Ir. Sri Hartati M.P.


Univet Bantara Mbiwarakaken Asiling Panaliten Pangan Fungsional Babagan Bekatul Lumantar Podcast

Sukoharjo - majalahlarise.com - Gegayutan kalihan jejibahan nyumebaraken pawarta babagan asiling panaliten ingkang sampun dipuntindakaken, Universitas Veteran Bangun Nusantara (Univet Bantara) ngawontenaken podcast kanthi tema pangan fungsional.

Podcast punika kalebet satunggaling rerangkening kegiatan saking Pendanaan Resona Saintek 2025, minangka salah satunggaling saking sakawan program ingkang pinayungan wonten sangandhaping Sinergi Kreasi Masyarakat dan Akademisi untuk Sains Teknologi Nusantara (SEMESTA), kawedalaken dening Direktorat Diseminasi dan Pemanfaatan Sains dan Teknologi.

Wonten ing perangan wiwitan punika, Univet Bantara ngaturi rawuhipun Rektor Universitas Veteran Bangun Nusantara, Prof. Dr. Farida Nugrahani, M.Hum., Bupati Wonogiri, Setyo Nugroho, tuwin Panaliti Pangan Fungsional, Dr. Ir. Sri Hartati M.P.

Prof. Dr. Farida Nugrahani, M.Hum. maringi apresiasi dhumateng sadaya tim ingkang sampun mbudidaya kangge ambiwarakaken asiling panaliten ingkang dipuntindakaken dening dosen ing Univet Bantara supados tembenipun saged langkung dipuntepangi dening pabrayan jamakipun.

“Perkawis punika, temtunipun satunggaling kegiatan ingkang anggadhahi pangajab sae (positif), mliginipun gegayatun kalihan anggenipun ambiwarakaken asiling panaliten ingkang sampun dipuntindakaken, satemah pabrayan dados langkung pirsa bilih wonten punapa kemawon ing Univet Bantara”, ngendikanipun Rektor Univet Bantara. 

Gayut kalihan perkawis punika, Setyo Nugroho minangka Bupati Wonogiri ngandharaken bilih kegiatan punika dados sarana ambiwarakaken asiling kolaborasi ingkang dipuntindakaken Pamarentah Daerah mliginipun Pamarentah Daerah Wonogiri kalihan akademisi.

"Kanthi wontenipun kegiatan kados punika kalawau, ing tembenipun kaajab badhe wonten papan pasinaon kangge pabrayan, satemah asiling panaliten punika saged dipuncakaken saha migunani tumraping pabrayan,” miturut pangandikanipun Bupati Wonogiri.

Wonten ing perangan wiwitan punika, ngrembag babagan asiling panaliten saking Dr. Ir. Sri Hartati, M.P., babagan produk samping awujud katul ingkang sarwi tirah-tirah ing Kabupaten Wonogiri, wondene produk samping punika anggadhahi munpangat ingkang sae tumrapipun kasarasan. (Hum)


Tidak ada komentar:

Write a Comment


Top