Tim Resona Saintek Univet Bantara Ngangkat Inovasi Pangan Fungsional Lokal Lumantar Podcast Inspiratif

Print Friendly and PDF

Podcast punika ngrawuhaken kalih narasumber ingkang kompeten, inggih punika Ir. Agustina Intan Niken Tari, M.P., dosen Program Studi Teknologi Hasil Pangan Univet Bantara, saha Suyanto, S.Farm., Apt., apoteker ahli muda saking Dinas Kesehatan Kabupaten Sukoharjo. 


Tim Resona Saintek Univet Bantara Ngangkat Inovasi Pangan Fungsional Lokal Lumantar Podcast Inspiratif

Sukoharjo — majalahlarise.com - Tim Resona Saintek Universitas Veteran Bangun Nusantara (Univet Bantara) Sukoharjo sampun kasil nindakaken kegiatan podcast kanthi tema “Publikasi Pangan Fungsional Berbasis Kearifan Lokal dengan Pranata Cara Jawa” minangka saperanganing Program Resona Saintek 2025 ingkang dipun wontenaken dening pamarentah. 

Podcast punika ngrawuhaken kalih narasumber ingkang kompeten, inggih punika Ir. Agustina Intan Niken Tari, M.P., dosen Program Studi Teknologi Hasil Pangan Univet Bantara, saha Suyanto, S.Farm., Apt., apoteker ahli muda saking Dinas Kesehatan Kabupaten Sukoharjo. Acara dipunwontenaken ing dinten Selasa, 14 Oktober 2025, tabuh 11.00–12.00 WIIK, kanthi papanipun ing Laboratorium Fakultas Ilmu Sosial dan Hukum (FISH) Univet Bantara Sukoharjo.

Lumantar pirembagan ingkang dipunpandhegani dening Ivan Prapanca Wardhana, para narasumber ngrembag wigatosipun sinergi antawisipun panaliten lan inovasi babagan pengembangan potensi pangan lokal minangka pangan fungsional. Bu Niken ngandharaken potensi pangan tradisional kados ta cabuk ingkang ngandhut bakteri asam laktat (BAL) lan saged dados probiotik alami kangge kasarasaning pencernaan. Wondene Suyanto ngrembag wigatosipun aspek legalitas saha keamanan pangan lumantar idin Sertifikasi Produksi Pangan Industri Rumah Tangga (SPP-IRT) supados produk olahan lokal saged dipuntampi wonten pasar modern.

Kegiatan punika saged dados bukti nyata kolaborasi antawisipun para akademisi lan praktisi kesehatan anggenipun nyengkuyung inovasi pangan fungsional kanthi lelandhesan kearifan lokal. Pangajabipun riset lan edukasi kados makaten punika saged ngiyataken daya saing produk pangan tradisional supados saged ngrembaka ing tingkat nasional punapadene global.

Minangka panutup, gumregeting kolaborasi punika kawujudaken wonten ing dudutan baku:

“Resona Saintek 2025 — Sinau, Sinergi, lan Inovasi ingkang nggesang pangan adhedhasar kearifan lokal.”


Tidak ada komentar:

Write a Comment


Top