GIVE RADIO IKOM UNIVET
Redaksi / Pemasangan Iklan
Total Tayangan Halaman
Sinergi Akademisi kalawan Pelaku UMKM kangge Ngrembakakaken Pangan Fungsional Kanthi Lelandhesan Kearifan Lokal
Sinergi Akademisi kalawan Pelaku UMKM kangge Ngrembakakaken Pangan Fungsional Kanthi Lelandhesan Kearifan Lokal
Sukoharjo - majalahlarise.com - Tim Resona Saintek Universitas Veteran Bangun Nusantara (Univet Bantara) ngawontenaken kegiatan malih awujud podcast inspiratif kanthi tema “Publikasi Pangan Fungsional Berbasis Kearifan Lokal dengan Menggunakan Pranatacara Jawa.” Kegiatan punika minangka saperanganing Program Resona Saintek 2025 ingkang dipunwontenaken dening pamarentah minangka wujud budidaya publikasi sains lan inovasi kanthi lelandhesan kearifan lokal.
Podcast dipuntindakaken ing dinten Rebo, 15 Oktober 2025, tabuh 11.15–12.15 WIIK, kanthi papanipun ing Laboratorium Fakultas Ilmu Sosial dan Hukum (FISH) Univet Bantara Sukoharjo. Acara punika ngrawuhaken kalih narasumber baku, inggih punika Dr. Agung Setyarini, S.P., M.P., dosen Program Studi Agribisnis Univet Bantara, saha Sarwanti, pelaku UMKM Keripik Tempe Alakathak saking Desa Weru, Sukoharjo.
Podcast dipunpandhegani dening Ivan Prapanca Wardhana kanthi lelewaning pranatacara Jawi ingkang mligi saha kanthah nuansa lokal.
Ing salebeting rerembagan, Bu Agung ngandharaken wigatosipun akademisi anggenipun tumut mbudidaya nglampahaken UMKM lokal lumantar panaliten lan pendampingan, wiwit saking manajemen usaha, sanitasi produksi, ngantos pengemasan lan pemasaran digital. Bu Agung nandhesaken bilih agribisnis boten namung magepokan kalihan pertanian kemawon, ananging ugi magepokan rantai nilai saking produksi ngantos distribusi ingkang saged ngindhakaken daya saing produk lokal.
Ing wekdal lan papan ingkang sami, Bu Sarwanti ngaturaken cariyos inspiratif babagan lampahing usahanipun ingkang kawiwitan saking produksi prasaja tanpa idin PIRT ngantos samangke ngrembaka kanthi kemasan modern, produksi langkung efisien, lan panyadenipun mindhak. Bu Sarwanti ugi nandhesaken wigatosipun njagi cita rasa lokal saha nilai budaya Jawi kados ta ugahari (prasaja ananging anggadhahi kuwalitas) lan gotong royong wonten ing saben proses produksi.
Lampahing rerembagan punika saged regeng lan migunani. Para narasumber sarujuk bilih sinergi antawisipun akademisi lan pelaku UMKM dados punjering lairipun inovasi pangan fungsional ingkang boten namung ngindhakaken perekonomian pabrayan, ananging ugi nggegesang identitas kuliner lokal kanthi lelandhesan kearifan Jawa.
Minangka panutup, host ngaturaken dudutanipun saking kegiatan punika:
“Pangan fungsional boten namung produk sehat, ananging ugi sarana pemberdayaan masyarakat lumantar kawruh saha budaya lokal. Sinergi akademisi lan pelaku UMKM badhe nuwuhaken inovasi ingkang saged anjagi ekonomi punapadene jati diri bangsa.”
Resona Saintek 2025 — Sinau, Sinergi, lan Inovasi ingkang nggegesang pangan adhedhasar kearifan lokal. (Tim)
Top 5 Popular of The Week
-
5 KOMPONEN PEMBELAJARAN BERDIFERENSIASI Oleh: Novi Astutik, S.Pd.SD SD Negeri 4 Wonogiri, Wonogiri Jawa Tengah Novi Astutik, S.Pd.SD ...
-
TRADISI KROBONGAN Oleh: Aris Prihatin SMPN 1 Manyaran, Kecamatan Manyaran, Kabupaten Wonogiri, Jawa Tengah Aris Prihatin Masyarakat J...
-
ICE BREAKING SALAM PANCASILA TINGKATKAN MOTIVASI BELAJAR MENGGALI IDE PENDIRI BANGSA TENTANG DASAR NEGARA Oleh : Suheti Priyani, S.Pd Guru M...
-
PEMANFAATAN APOTEK HIDUP DI LINGKUNGAN SEKOLAH Oleh : Rosi Al Inayah, S.Pd Guru SMK Farmasi Tunas Harapan Demak, Jawa Tengah Rosi Al Inayah...
-
Proses pembuatan jenang tradisional. Melihat Lebih Dekat Usaha Jenang Tradisional 'UD TEGUH' Kedung Gudel Kenep Sukoharjo- majala...
-
FILSAFAT JAWA KIDUNGAN “ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI” Oleh: Sri Suprapti Guru Bahasa Jawa di Surakarta Sri Suprapti Filsafat Jawa a...
-
ALAT PERAGA ULAR TANGGA NORMA DAN KEADILAN SEBAGAI MEDIA PEMBELAJARAN PPKn Oleh: Sulistiani, S.Pd Guru SMP Negeri 3 Satu Atap Mijen, Demak J...
-
Menikmati makan gendar pecel di Gazebo. Watu Plenuk Mutiara Wisata Perbatasan Weru–Ngawen yang Menyuguhkan Alam, Kuliner, dan Kedamaian Gunu...
-
GENERASI KEDUA (LULUSAN) MASA CORONA Oleh: M. Nur Salim, SH. M.Pd Guru PPKn dan Kepala Sekolah SMK Kesehatan Cipta Bhakti Husada Yogyakarta ...
-
Kepala SMP Negeri 8 Surakarta, Triad Suparman, M.Pd beserta bapak ibu guru dan siswa foto bersama dengan karya tulisan kata-kata mutiara. ...

Tidak ada komentar: